Selasa, 05 Februari 2013

ZODIAK VERSI JAWA

Zodiak persi jowo.

Sing ndi bintangmu?

1. Pirgo
- Penggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol.
- Keuangan: dedel duwel.
- Asmara: golek sing rodho genah lan waras.
2. Akuwarius
- Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
- Keuangan: nyilah-nyilih tonggo.
- Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.
3. Piskes - Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
- Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel.
- Asmara: jare morotuwo "aku golek mantu TP gak koyok raimu".
4. Ariyes
- Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak.
- Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
- Asmara: upgrade-en disik dapuranmu.
5. Tawurus
- Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol klepon.
- Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat.
- Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane .
6. Gemini
- Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot.
- Keuangan: ngedoli warisan mertuwo.
- Asmara: gak jelas sir2ane lanang opo wedok.
7. Kanser
- Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
- Keuangan: sekarat, atene bangkrut.
- Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.
8. Leyo
- Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster.
- Keuangan:mbrebet .
- Asmara: ati2 bakal
kepelet bintang film kartun.
9. Libra
- Penggawean sing cocok: ngorek2larahan nek gak dadi tukang golek beling.
- Keuangan: gak enthos golek duwik.
- Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang
10. Sekorpio
- Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo.
- Keuangan:podo mlarate, dikuras copet.
- Asmara: duwe sir2an nggrik2en..
11. Sagitariyus
- Penggawean sing cocok:Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto.
- Keuangan: bojo purik njaluk mulih nangmertuwo.
- Asmara: ditempilingi ae karo bojomu.
12. Kaprikorn
- Penggawean sing cocok:Dagang krupuk upil.
- Keuangan:Nguwatirno, waspada tukang panci nagih!
- Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e, .....ajuuur mumur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar